Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2020

Materi Novel

materi novel basa jawa, pangerten, karakteristik unsur intrinsik uga ekstrinsik materi novel basa jawa, pangerten, karakteristik unsur intrinsik uga ekstrinsik Novel yaiku salah sawijining wujud sastra. Novel iku crita fiksi awujud tulisan utawa rerangkening tembung-tembung lan duwe unsure intrinsic lan ekstrisik. Sawijining novel umume nyritakake babagan lelakon uriping manungsa ing bebrayan agung sesambungan karo sapepadhane. Sajroning novel, pangrakit marsudi kanthi temen supaya isa narik kawigatene pamaos marang gegambaran utawa andharan ngenani panguripan kang sanyatane lumantar crita kang kamot ing sajroning novel. Miturut sawenehe kasusastran modern, novel iku luwih prasaja tinimbang karo karya sastra liyane. Novel luwih prasaja anggone jlentrehake crita, alur crita lan paraga kang dicritakake ora ngayawara among digawe luwih cekak lan aos. Saperangan pangerten wis diandharake dene novel iki wujud kasusastran kang paling popular. Wujud sastra iki luwih akeh pand