Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2021

Eksposisi Seni Pertunjukan Jawa

A.      Teks Eksposisi Teks eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep bab sawijininng objek, sabanjure pangreten pamaos bias mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulise iki bias ditindakake lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi. Sumbering bisa saka asil pengamatan, panaliten, utawa pengalaman. 1.    Bab kang diinformasekake ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud: ·         Data faktual; ·         Sawijining analisis utawa penapsiran obektif marang saprangkat fakta; ·         Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan. 2.    Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya mangsuli pitakon: ·         Kepriye sawijine pakaryan? ·         Kepriye sawijine dumadi? ·         Objek utawa bab iki kleb