Materi cangkriman

 Cangkriman yaiku Unen Unen kang isine kudu di bathang utawa di bedhek lan dijawab



Jenis-Jenis Cangriman 

      Cangriman dewe dibedhakake ono 4 jenis
yaiku

1.  Cngkriman Wancahan yaiku Cangkriman kang di jupuk saka Suku kata ngarep lan Buri,  Cangkriman Wancahan luwih kayata Singkatan Kang duweni arti


Tuladha :

* Burnas Kopen = Bubur Panas Kokopen ( dimakan dgn cara mulut nempel ke mangkok
* Pak Boletus      = Tapak Kebo lelene satus ( Jejak telapak kerbau berisi lele seatus)
* Manuk Biru     = Pamane punuk Bibi e kuru ( Pamanya gemuk bibinya kurus )
* Buta Buri         = Tebu ditata mlebu lori ( Tebu ditata masuk lori )
* Pindang Khutut= Sapi Mblandang lukune katut ( Sapi kabur walukunya ikut )



2. Cangkriman Pepindhan yaiku Cangkriman kang ngemu teges Pepindahan utawa irib iriban


Tuladha : 

* Pitik walik saba kebun , Jawaban = Nanas
Pitik walik saba meja, Jawaban = Sulak ( kemoceng )
*.Abang-abang dudu kidang, pesegi dudu pipisan (merah bukan kijang, pesegi bukan alat penggiling   jamu),  Jawaban: = batu bata
*Duwe rambut ora duwe endhas (Punya rambut tidak punya kepala) Jawab = Jagung 
*mboke diidak idak anake dielus-elus (Ibunya diinjak-injak anaknya dibelai-belai) jawab = tangga bambu

 

3. Cangkriman Belenderan yaiku Cangkriman kang ngemu teges plesetan


Tuladha :

* Wtenge
keroncongan = Wetenge wis luwe ( Perutnya sudah lapar )
* Disuguihi Opak angin = Ora disuguhi apa-apa ( Tidak dijamu apa apa )
*Gajah numpak becak ketok apane? (Gajah naik becak kelihatan apanya?) Jawab Ketok ndobole
    (kelihatan membualnya)
* Wong dodol tempe ditaleni (Orang jual tempe diikat). Jawab: Yang diikat bukan orangnya tetapi
    tempenya
* Wong dodol klapa dikepruki (Orang jual kelapa dipukuli kepalanya). Jawab: Yang dikepruk bukan
    orangnya tetapi kelapanya

4. Cangkriman Tembang yaiku  Cangkriman kang isine dijupuk saka tembang macapat biasane iku tembang pocung


Tuladha :

*. Tembang Kinanthi: Wonten putri luwih ayu; Tan ana ingkang tumandhing; Sariranira sang retna; Owah-
    owah saben ari; Yen rina kucem kang cahya; mung ratri mancur nelahi (Ada putri amat cantik; tidak ada 
    yang menandingi; badan sang dewi; Berubah setiap hari; Kalau siang suram cahayanya; Hanya pada 
    malam hari bersinar cahayanya). Jawaban: Rembulan



* Tembang Pucung: Bapak pucung dudu watu dudu gunung; Sangkamu ing sabrang; Ngon ingone sang
    Bupati; Yen lumampah si pucung lembehan grana (Bapak pucung bukan batu bukan gunung; Asalmu dari 
    tanah seberang; Piaraan sang Bupati; Kalau berjalan si pucung berlenggang hidung). Jawab: gajah



* Tembang Pucung: Bapak pucung renten-renteng kaya kalung; Dawa kaya ula; Pencokanmu wesi miring;
    Sing disaba si pucung mung turut kutha (Bapak pucung berangkai seperti kalung; Panjang laksana ular; 
    Tempat bertenggermu besi miring; Yang didatangi si pucung dari kota ke kota). Jawab: kereta api

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Sesorah

Materi Aksara Rekan

Materi Tembang Pocung