Gugon Tuhon
Gugon tuhon utawi
wonten ing madyaning masarakat Jawa dipunwastani pepali utawi larangan. Gugon tuhon punika
kalebet kapitadosan ingkang sampun wonten saking jaman rumiyin.
Gugon tuhon inggih punika kapitayan utawi kapitadosan marang sawenehing bab utawi prakawis ingkang boten tinemu wonten ing nalar. Tumprapipun tiyang pitados tansah gadhah raos sumelang manawi boten saged nyembadani prekawis ingkang ingkang dipunanggep mbebayani punika
Gugon asalé saking tembung gugu. Manawi tuhon saking tembung tuhu
Jenis Gugon Tuhon
1.
Gugon
Tuhon ingkang salugu Inggih punika
lare utawi tiyang ingakng dados mangsanipun Bathara kala miturut dongèng inggi
punika bocah sukreta. Miturut kapitadosan lare punika saged
waluya lan lestari bilih dipunruwat kanthi dipuntanggapaken wayang kanthi
lakon Amurwa Kala.
Ingkang kalebet bocah sukreta inggih punika:
·
Bocah Ontang-anting : putranipun namung
satunggal, priya.
·
Bocah unting-unting : putranipun namung
satunggal, putri.
·
Bocah kedhana-kedhini : putra kalih,
ingkang sepuh priya lajeng ingkang enem putri.
·
Bocah kembang sepasang : putra kalih putri
sadaya.
·
Bocah Uger-uger lawang : putra kalih ppriya
sadaya.
·
Bocah pancuran kapit sendhang :
putra tiga, putri priya putri.
·
Bocah Sendhang kapit pancuran :
putra tiga, priya putri priya.
2. Gugon tuhon wasita sinandhi inggih punika ingkang kalebet pitutur ingkag boten kalairaken kanthi melok. Langkung kathah ngginakaken tembung "boten ilok" ingkang sejatinipun ngemu teges boten becik
ingkang kalebet gugon tuhon wasita sinandhi inggih punika:
·
Ampun ngidoni sumur mundhak suwing
tutukipun.
·
Manawi wewehan
dipunjaluk malih gulunipun gondhoken.
· Boten pareng lenggah wonten bantal mundhak wudunen
·
Boten pareng dhahar
wonten peturon mundhak gudhigen
3.
Gugon
tuhon ingkang kalebet wewaler inggih punika wewaler saking leluhur utawi tiyang ingkang
dados cikal bankal wonten panggènan punika. Amargi leluhur wau sampun naté nemu
cilaka amargi nindhakaken sawijining bab, lajeng migunakaken wewaler dhumateng anak putunipun supados
boten tumut nindhakaken
Tuladha :
Tiyang wonten ing Banyumas boten
angsal kesah wonten ing dina Setu Paing. Miturut
cariyosipun : Sang Adipati ing banyumas manggih cilaka tindakan wonten ing
dinten Setu paing. Sang Adipati banjur paring pangandikan maran putra wayah
saha para kawulanipun.
Komentar
Posting Komentar