Cerita Rakyat


1.

1.  Pengertene Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku cerita kang ana ing swijining daerah lan kan awujud karya kolektif(bebarengan) kang diwarisake kanti turun temurun .

 

2.     Ciri-ciri Crita Rakyat

a.       Disebarke kanthi lisan

b.      Tradisional (turun temurun)

c.       Anonim (Ora duweni Pengarang)

d.      Ora Logis

e.       Lugu (Sederhana)

f.        Duweni wong akeh

 

3.     Wujud Crita Rakyat

a.      Crita Rakyat Lisan

·         Basa Rakyat

Tuladha: Basa dialek saben daerah

·         Ungkapan Tradisional

Tuladha: Paribahasa (Kaya kacang ninggal lanjaran)

·         Pertanyaan Tradisional

Tuladha: Cangkriman

·         Cerita Prosa Rakyat

Tuladha: Mite, legenda, dongeng

·         Nyanyian Rakyat

Tuladha: Cublak-cublak suweng, Jamuran

·         Puisi Rakyat

Tuladha: Parikan, Sanepa, Saloka

b.     Crita Rakyat Saperangan Lisan

·         Kepercayaan Rakyat

Tuladha: Yen ngimpi sak dhuwure jam 1 nganti jam 2 wengi, ngimpine bias nyata.

·         Dolanan Rakyat

Tuladha: Jamuran, Kling-kling brok, Jilumpet, Lsp.

c.      Crita Rakyat Non-Lisan

·         Panganan Tradisional

Tuladha: Klepon, Gethuk, Tiwul, Lsp.

·         Dolanan Rakyat

Tuladha: Dakon, Bekelan, Gangsing, Egrang, Lsp.

4.     Unsur Crita Rakyat

·  Tema : Ide pokok utowo permasalahan utama kang ndhasari crita.

·  Latar/setting: Panggonan, wektu , utawa suasana kang mbantu cethaning crita.

·  Alur/plot : urut-urutaning kedadeane cerita. Alur kebagi dadi 2 yaiku alur maju/progresif lan alur mundur/flash back progresif.

·  Sudut Pandang : Nyritakake tokoh, barang papan, kewan, lan sapiturute.

·  Penokohan : Nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa dingerteni saka tumindake, ciri fisike, utawa lingkungane.

·  Konflik : Perkara kang dadi punjere crita.

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Sesorah

Materi Aksara Rekan

Materi Tembang Pocung