Pariwara
Pariwara
(Bahasa Jawa)
Pangertosan
Pariwara / Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni teges kanggo menehi
greget tetuku, nawakake sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani
panemune wong akeh, narik payengkuyuning wong akeh amrih pikir lan tumindake
laras karo kekarepe sing masang pariwara.
Iklan
nduweni paugeran, yaiku:
1) Iklan
migunaake media massa kanggo masifikasi layang.
2) Migunaake
sponsor sing wes teridentifikasi.
3) Nduweni
sifat menehi informasi marang khalayak.
4) Nduweni
tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe
Jenis jenise
pariwara:
A. Iklan
sing nganggo dasar tujuan
1. Pariwara Informatif
Pariwara informatif
yaiku, pariwara kang nduweni paugeran :
a) Nduweni
tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka
produk kang wes ana.
b) Njelasno
cara kerja produk.
c) Menehi
infrmasi harga lan kemasan produk
d) Ngoreksi
produk
2. Pariwara Persuasif
Pariwara persuasif
nduweni paugeran,yaiku :
a) Nduweni
tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep
tuku lan migunaake barang lan jasa.
b) Nganjurno
khalayak milih merk tertentu.
c) Nganjurno
kalayak tuku.
d) Ngubah
persepsi konsumen.
e) Mbujuk
khalayak tuku saiki.
3. Pariwara reminder
Pariwara reminder
nduweni paugeran, yaiku :
a) Nduweni
tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b) Ngilingno
konsumen tuku produk iku.
c) Njaga
kesadaran produk.
d) Njalin
hubungan apik karo kosumen.
B. Pariwara umum
1. Pariwara Tanggung
Jawab Sosial
Pariwara tanggung jawab sosial, yaiku pariwara kang nduweni tujuan
nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan
supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah
sosial. Tuladha : pariwara anjuran, lan pariwara penggambaran sosial.
2. Pariwara Bantahan
Pariwara bantahan yaiku Pariwara kang digunakake mbantah utawa
nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa
merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas pariwara iki
yaiku ndheleh komunikator gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi
pihak liya. Tujuan pariwara bantahan yaiku: ngilimisi
pariwara kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing
porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak;
mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.
3. Pariwara Pembelaan
Pariwara pembelaan yaiku ‘lawan’ saka pariwara bantahan. Tujuan saka
pariwara iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa
perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku
pariwara kang kaiket karo hak paten.
4. Pariwara Perbaikan
Pariwara perbaikan
yaiku pariwara kanggo mbenakno layang-layang bab hal kang wes kahung
keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain pariwara iki yaiku
pariwara ralat utawa
pariwara pembetulan. Pariwara iki nduweni tujuan kanggo
ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang
bener.
5. Pariwara
Keluarga
Pariwara
keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange pemberitahuan saka pengiklan
bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Pariwara
keluarga biasane luwih akeh rupa pariwara kolom lan display, ora akeh
nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane
yaiku Pariwara bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane
C. Pariwara khusus
1.
Pariwara kang nganggo dasar media kang digunakake :
a) Pariwara Cetak
yaiku pariwara kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak.
Tuladhane, yaiku: Pariwara cetak surat kabar, pariwara cetak
baliho, pariwara cetak poster, pariwara spanduk, lan liya-liyane.
b) Pariwara Elektronik
yaiku pariwara kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.
2. Pariwara kang
nganggo dasar tujuan iklan :
a) Pariwara Komersial
yaiku pariwara bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan
ekonomi. Pariwara komersial dibagi dadi telung jenis pariwara, yaiku
pariwara kanggo konsumen, kanggo bisnis lan pariwara kanggo
profesional.
b) Pariwara Non
Komersial yaiku pariwara kang digunakake kanggo nyampekake informasi,
ndidik khalayak.



Komentar
Posting Komentar