Tambahan Kaweruh (Kreta Basa)
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Kerata Basa
Kerata basa uga diarani jarwa dhosok. Kerata tegese udhar utawa ngudhari. Kerata basa yaiku tetembungan sing diudhari utawa dipirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane. Kerata basa uga diarani asal usul tegesing tembung. Karata basa kanggo negesi surasaning tembung wewaton asal utawa mulabukane, lumrahe kapirid saka wewancahan wandane, diothak athik murih mathuke. (terjemahan; Kerata basa juga disebut jarwa dhosok. Kerata artinya membuka atau menjabarkan. Kerata basa artinya kata-kata yang dijabarkan atau dibuka, tetapi menjadi cocok dengan yang dikehendaki. Kerata basa dipakai untuk mengartikan maksud dari kata-kata sesuai dengan asal-usul kata tersebut, sewajarnya diambil dari penjabaran suku kata, diotak-atik hingga cocok/sesuai).
Diarani Jarwa dhosok, amarga jarwa tegese wedharan utara katrangan, dhosok nduweni teges ndhesek maju. Jarwa dhosok bisa diarani keterangan miturut wewancahan tembung kanthi dikira-kira utawa miturut pikirane sing nerangake. (terjemahan; Disebut Jarwa dhosok karena berasal dari kata jarwa yang artinya penjabaran atau keterangan, dhosok berarti mendesak maju. Jarwa dhosok dapat artikan keterangan menurut penjabaran kata dengan dikira-kira atau menurut pikiran orang yang menerangkan).
Contoh Kerata Basa, dan Artinya;
- Anak, tegese samubarang kekarepanne, kudu ana Ian sarwa kepenak.
- Bapak, tegese bab apa-apa sarwa pepak ngelmune Ian pengalamane.
- Batur, tegese embat-embate tutur, nindakake pitutur.
- Bocah, tegese mangane kaya kebo, penggawenne ora kena dicacah.
- Brekat, tegese ujuk-ujuk mak brak-brek banjur diangkat.
- Cangkem, tegese yen ora dicangcang ora mingkem.
- Cangkir, tegese nyancang pikir.
- Cengkir, tegese kencenging pikir.
- Dhalang, tegese ngudhal piwulang.
- Denawa, tegese ora ngeden hawa nafsu/ ngumbar nafsu.
- Desember, tegese gedhe-gedhene sumber.
- Dongeng, tegese dipaido ya keneng.
- Garwa, tegese sigare nyawa.
- Garbu, tegese yen ora mbegar ora iso mlebu.
- Gedhang, tegese digeged le bar madhang.
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Komentar
Posting Komentar