EKSPOSISI UPACARA ADAT


A.      Teks Eksposisi
Teks eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep bab sawijininng objek, sabanjure pangreten pamaos bias mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngerti, aweh pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulise iki bias ditindakake lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi. Sumbering bisa saka asil pengamatan, panaliten, utawa pengalaman.
1.    Bab kang diinformasekake ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud:
·         Data faktual;
·         Sawijining analisis utawa penapsiran obektif marang saprangkat fakta;
·         Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
2.    Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya mangsuli pitakon:
·         Kepriye sawijine pakaryan?
·         Kepriye sawijine dumadi?
·         Objek utawa bab iki klebu tahap kang endi?
·         Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap-tahap endi wae?
3.    Eksposisi kudu ngemut perangan-perangan kaya andharan iki.
·         Jlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan;
·        Mrelokake fakta kang diakuratke utawa dicethakake    angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar, lan sapiturute;
·         Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta;
·         Nggoleki sumber ide saka: pengalaman, pengamatan, sikap, lan keyakinan.
4.    Pathokan panulise eksposisi.
·         Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehak sawijining pokok prastawa/persoalan.
·         Isi eksposisi ora duwe karep ngundang redaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos.
·         Gaya eksposisi kudu infromatif lan nyakinake.       
·         Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional.
·         Ing eksposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pembuktian).
·         Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangertene pawongan marang objek kang dirembug.
·         Panulis eksposisi kudu ngerti prastawa kang diandharake.
·         Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.
5.    Jinise wacana eksposisi:
·           Eksposisi definisi
·           Eksposisi proses
·           Eksposisi klasifikasi
·           Eksposisi ilustrasi (conto)
·           Eksposisi perbandingan lan pertentangan
·           Eksposisi laporan

ADAT MANTU JAWA  
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten priya neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu.

Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
1.       Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didadeake garwane calon penganten kakung.
2.       Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresiki jiwa calon penganten. Upacara iki diadani sedina sedurunge ijab kabul lan ditindakake ing daleme calon manten dhewe-dhewe dening wong tuwane.
3.       Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari. Acara iki duwe makna yen wengi sakdurunge acara penganten iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk ing acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sinambi aweh nasihat.
4.       Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pahargyan manten.
5.       Ijab kabul
     Tandha resmining pinanganten kekalih
6.       Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan di selehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
7.       Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
8.       Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
9.       Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa dadi perangan kulawarga.
10.   Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinanganten sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
11.   Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu saha besan.
12.   Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ing pangkonane penganten putri minangka perlambang paweh nafkah.
13.   Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minangka perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
14.   Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi,
15.   Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
16.   Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan penganten nampa ucapan selamat saka kanca, kluwarga. uga kabeh sing hadir neng acara iki.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Serat Wedhatama pupuh Gambuh.

KI - KD Bahasa Jawa Kelas XI

Materi Tembang Pocung